Musyawarah rencana Pembangunan Kecamatan Kramat Kabupaten Tegal

3 minute read
0

Kabar Irwan ( Opini ) 

Awit bengi wis bolak balik demutna Karo carike aja klalen ngesuk jam 9 mangkat mrg kecamatan dadi delegasi Musrenbang makili Desane dewek, Nganti kupinge gembrenggeng ditelponi bae Gon mangkat
.
Jam 8 esuk sing pestene esih ndelok ya ws digugah, ndadak Anggo batik ana apa Ben rada pantes wong pan ketemu wong sa lengen lengen nganti ora Kober ngising merga nggone adoh Ng mantran. Etung2 niliki Pendopo Kecamatan Anyar sing nembe pragat dibangun. 

.
Anjog kecamatan jebul esih sepi , lah ngertia miki tongkrong ndisit Ng WC, ana durung ngopi ana apa, boro2 sarapan sega jagung kiriman bakul be esih nggletak ng karpet durung kosih kekeplok Acan Acan...
.
Akhire go Tamba isin nglosod Mampir warung tuku Udud Ndisit ro ndeleng keadaan sambi nginung wedang teh panas Karo ngenteni kanca batir pada teka Kabeh wong nyatane nembe pirang ngiji tok sing ws anjog.
.
Ora krasa jam 10 lewat , mbarengi liane pada antri absen olih jajan ro buku kandel nemen, senenge POR kelingan jaman kepranan soale Karo plesam plesem nyalami kanca batir lawas sing nembe ketemu maning uga pada teka Melu dundang sing jarene Musyawarah Rencana pembangunan Kecamatan .
.
Nembe ndodok rombongan pegawe sing njero kecamatan pada metu nyong ndadak mateni udud ora kepenak sebab raine akeh sing radan paham dadi mbokat ndarani ora sopan meski kae ya ndean esih kenal Karo nyong wong gemiyen sering slonang slonong dolan kantore
.
Acara dimulai Awit Jejer eh kaya wayang, Awit pembukaan nganti tari tarian bocah nganti sambutan pirang pirang sambutan nyong esih gemregah esih ngenteni wayahe diskusi apa tanya jawab kaya umume wong lagi musyawarah lah maksude.
.
Eeeh ganing ajag2 ana pengumuman penunjukan delegasi sing bakale mangkat Melu Musrenbang kabupaten...Nyong njero ati ngromed bisane KA ujug ujug wis lubar, Kayong nyengkelek neng waduk wa rasane yakin sung
.
Eeeh Jebule Musrenbang Saiki kur Gon njagong, ndlohom ngrongoknalan nyaksekna keputusane sing wis digawe sedurunge Ngarti kaya kiye Tah mau aja mangkat Li genah, Kayong ndadak nggajog adus dandan ana apa mau lampua ora ngemek pegawean.

*Kye Musrenbang apa Lomba Pidato dongene....?* Blas laka Musyawarah e, Tekane Kepala Dinas, Tekane Pimpinan Dewan, Tekane Bupati eman2 nemen Ra bisa Jak Diskusi ndopokna perkara sing ngganjel Ng wilayahe... Lah Delegasi Kur mlongo cepon.... Nglegleg kaya kas dipangan Arab
.
Dengane Kades2 sing teka kur pirang griwil tok bisa detung Anggo jentik nganti diglendengi Bupati ro pimpinan dewane , sebab persis kaya sing domongna pada sungkan teka merga ws ngerti modele bakale kaya kuwe dadi percuma mangkat....
.
Akhire kalah dugal daripada tambah nek salaman ro senior sing ws kadung weruh Li bying Nglantung balik meski MC ne gemboran aja pada balik tuli ngenteni Makan Siang sing durung teka barange
Neng ati kur mesem tok....
.
Ngapurane ya wa, Kye Tah arane gendu2 rasa ya wa Humas Pemkab Tegal, Humas kab tegal info, KominfoTegalkab ....Mbesuk maning Tinimbang ngguwang anggaran kur go ngumpul na wong mlongo cepon mending go nambahi Anggaran ngapiki dalan apa selokan... Dadi ana manpangate ....
.
Apa kaya ngomonge Bupati ne model Virtual Bae Li efisien, murah meriah oh biayane sesuai dengan Kebijakan pemerintah pusat sing Saiki lagi nggalakna Efisiensi disegala bidang demi suksesnya program Asta Cita dan Makan Bergizi Gratis 
Kaya kuwe Bae wa ?
.
*Kangen Musrenbang Jaman Kuna sing dinteni temenanan nemen sebab pan berjuang go desane dewek lewat Musyawarah*
.
*Sega Jagung Geseke dawa dawa*
*Yakin Sung Anta nemen Waa....*
*Ubur ubur ikan lele*
*Cua nemen Le ...le....*
.
.
Catatan Si Bagong
*Pojok Pendopo Kecamatan Kramat*
*Senin 10 Februari 2025*
*Dalang Wayang Kebangsaan Tegal*
#gendugendurasa #catatansibagong #jilid2 #musrenbangkec #musrenbang
Tags:

Posting Komentar

0Komentar

Posting Komentar (0)